Kaum muslimin ingkang dipun muliaaken dening Allah swt, saniki kito sadoyo sampun mlebet wulan juni 2011, menggahipun lare sekolah wulan juni meniko merupakan wulan pungkasan anggenipun bibinau salami 1 tahun amargi wulan juli ingkang bade dateng sampun mlebet tahun ajaran ingkang enggal (tahun ajaran baru) 2011/2012, lare-lare ingkang sampun lulus sami sibuk pados sekolah ngkang enggal, mekaten ugi poro tiang sepah inggah sami sibuk nyiapaken biaya kangge pendaftaran putra-putrinipun teng sekolah. pendidikan formal nopo dene non formal tumrapipun putra-putri kito panci kedah saestu-estu kito gatosaken awit saking sd/mi, smp/mts, sma/ma lan jenjang perguruan tinggi. amargi kanti pendidikan, putra-purti kito bakal dados tiang ingkang cerdas ingkang migunani tumrap nusa bangsa lan agami. Pendidikan saged ndadosaken lare magertosi perkawis ingkang saderengipun dereng mangertos, kadosdene caranipun maca nulis, ngetung lan sapiturute.
Kanti pendidikan lare ugi saged mangertosi babagan masalah ilmu pengetahuan ingkang kaitanipun kalian dunia pekerjaan, sahinggo lare nggadahi bekal saperlu kanggo madosi pendamelan ing wekdal ingkang badhe dugi. Pendidikan ingkang dipun kelola kanti sae bakal muwuhake generasi ingkang sae ugi, salah satunggalipun indikasi utawi cirri-ciri pendidikan ingkang berhasil inggih meniko saged ndadosaken poro siswa mangertosi perkawis ingkang hak lan perkawis ingkang bathil.
Jamaah sidang jum’ah ingkang dipun muliaaken dening Allah SWT, kaitanipun kalih pendidikan, Rasulullah SAW sampun dawuh wonten hadis :
Artosipun : “ Nggolet olmu iku wajib hukume tumrap muslaim jaler lan muslim estri”
Hadis meniko nerangaken bilih pados ilmu hukumipun wajib tumrapipun kito sedoyo, ilmu agami lan ilmu umum sami kemawon pentingipun. Nopo malih ing zaman saniki perkembangan ilmu pengetahuan begitu cepatnya, informasi lan komunikasi saniki dados kunci tumrapipun tiang usaha mados pedamelan, pramilo menawi kito ketinggalan informasi mongko kito bakal kalindes dening perubahan zaman.
Jamaah jumah ingkang dipun muliaaken dening Allah SWT, Allah SWT ugi njanjiaken dumateng tiang ingkang beriman lan nggadahi ilmu kanti derajat ingkang inggil, dipun sebataken wonten ing alqur’an surat……………..:
Artosipun : “ Allah bakal ngangkat derajate wong kang podo iman lan tiang ingkang podo nggolet ilmu ing pirang-pirang derajat”
Insya Allah menawi kito sedoyo, khususipun putara wayah kito ingkang sami pados ngilmu sageg ngginaaken ngilmunipun kanti saestu-estu mongko Allah bakal paring derajat ingkang inggil wonten ing dunyo lan akherat, katah contonipun piantun piantun ingkang tesih harum lan dipun kenang ngantos saniki amargi ngilmu lan ngamalipun sinaoso sampun tilar dunyo, kados dene poro nabi, poro sahabat, poro tabiin poro ulama lan poro solihin ingkang mboten saged dipun sebat naminipun setunggal-setunggal amargi banget katahe. Ananging katah ugi contoh tiang ingkang ciloko, rugi lan binasa, tiang meniko pados ilmu dunia ananging mboten nggadahi ilmu akherat mongko Allah bakal nurunaken derajate sa andap andapipun wonten ing akherat, kadosto poro pemimpin ingkang mboten amanah, tiang bodo ingkang mboten purun pados ilmu, tiang ingkang ngginaaken ilmu nipun kangge berbuat maksiat dumateng Allah SWT.
Jamaah sidang jum’ah ingkang dipun muliaaken dening Allah SWT, Supados nggadahi ilmu ingkang bermanfaat mongko kito kedah nata manah kito, kito eling dumateng Allah SWT monggo kito bimbing putra putri kito anggenipun pados ilmu supados dipun niati ibadah dumateng Allah SWT, sahinggo ilmu ingkang dipun padosi wonten ing bangku sekolah lan ingpundi papan kemawon sageg bermanfaat lan migunani.
Mboten kados kahanan saniki, katah lare sekolah ingkang senengipun tawuran, senengipun seneng-seneng kanti perbuatan ingkang nglanggar hukum agami kadosto ngombe arak, mengkonsumsi narkoba, pergaulan bebas lan sapiturute, budaya barat ingkang sampun membaur wonten ing kalangan remaja langkung dipun remeni tinimbang budaya-budaya islam ingkang sae, lare saniki katah ingkang mboten hormat dumateng tiang sepah lan guru, meniko nedahaken bilih krisis moral sampun mulai menjangkit kalangan remaja. Pramilo peran pendidikan agami lan pendidikan formal ingkang bermartabat ing zaman meniko dipun betahaken sanget.
Jamaah sidang jum’ah ingkang dipun muliaaken dening Allah SWT, menawi kito tingali saniki biaya pendidikan panci mboten murah ananging menawi ningali manfaatipun insya allah biaya ingkang dipun dalaken bakal sebanding malah langkung menawi ningali putra-putri kito berhasil dados lare ingkang soleh-solehah migunani tumrap nusa bangsa lan agama. Pramilo monggo kito gatosaken saetu-estu pendidikan putra-putri kito ampun ngantos putus sekolah amargi masalah biaya. Menawi kito niati kanti ikhlas lan mantep Insya Allah, Allah bakal paring rizki dumateng kito sedoyo saperlu kangge mbiayani putra putri kito pados ilmu.
Jamaah .., Selain pendidikan wonten ing sekolah ingkang langkung penting malih inggih meniko pendidikan agami, amargi menawi lare sampun gadeh dasar pendidikan agami Inysa Allah ahlak ipun sae, ngibadahipun mantep, lan mboten purun nindakaken perkawis ingkang dipun larang dening Allah SWT amargi nggadahi iman wonten ing manahipun, hal meniko penting sanget kangge mbentengi generasi muda saking gejolak zaman ingkang soyo nguwatiraken.
Selajengipun monggo kito didik putra-putri kito babagan masalah sholat gangsal wekdal, Sholat merupakan ibadah ingkang wajib hukumipun tumrapipun tiang islam ingkang sampun baligh, kanti nglampahi sholat insya allah kito bade dipentebihaken saking perbuatan ingkang mboten sae , Allah swt dawuh wonten ing al Qur’an surat al angkabut ayat 45 :
Artosipun : “jenengno sholat siro (Muhammad) satemene sholat iku nyegah perkoro ala lan mungkar”, sebab sholat meniko dados nur wonten ing manah sehinggo tiyang ingkang nindaaken ngraos mboten ridlo menawi piyambakipun terjerumus ingdalem kehinaan lan kemaksiatan.
Wonten ing wulan rajab meniko rasulullah SAW dipun isro lan mi’rojaken dening Allah swt mboten sanes angsal perintah supados nglampahi sholat gangsal wekdal, pramilo monggo kito jejegaken sholat meniko supados saged dados tiyang ingkang slamet dunia lan akhirat.
Akhiripun monggo kito gatosaken malih bab masalah ngilmu lan ngamal, ngilmu tanpo ngamal diibarataken “kasajari bila samarin” kados dene wit-witan inggakang mboten nuwuhaken who-wohan, ngamal tanpo ngilmu mboten bakal dipun tampi dening Allah SWT.
Mugi-mugi kemawon kito kagolong tiyang-tiyang ingkang dipun paringi himmah( semangat ) anggenipun pados ilmu dunyo lan akherat , lan mugi-mugi kemawon ilmu ingkang kawulo sadoyo pados khusipun ilmu agami saged ndadosaken saenipun ngamal ibadah kito dumateng Allah SWT.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar